tradisi tedhak siten



          Tradisi Tedhak siten punika salah satunggalipun upacara adat wonten ing tanah Jawi. Tedhak siten punika saking tembung “tedhak” kaliyan “siten”. Tedhak nggadahi makna mandhap utawi nepakaken suku. Siten saking tembung “siti” yaiku lemah. Saking tembung-tembung punika, tedhak siten nggadahi makna inggih punika nepakaken suku wonten ing lemah. Tradisi tedhak siten punika nggambaraken ancang-ancangipun lare kagem nglampahi pagesangan ingkang nyata kaliyan sukses wonten ing wekdal salajengipun dening pangestunipun Gusti ingkang Maha Kuwaos kaliyan bimbinganipun saking tiyang sepuh,ugi saking Guru awit saking taksih alit.

 
          Upacara tedhak siten ugi nggadahi makna hubunganipun manungsa kaliyan negarinipun nglampahi pagesangan ingkang sae ugi pener ing donya punika ugi tansah nguri-uri kaliyan jaga bumi. Punika saged ndadosaken pagesangan ing donya ayem tentrem. Punika kagem ngemutaken menawi donya sampun maringi kathah piranti dhumateng tiyang wonten ing donya kagem ndukung pagesanganipun manungsa. Manungsa wajib ngaturaken syukur dhumateng Alloh SWT, amargi sampun maringi alam donya ingkang sae punika.

          Upacara tedhak siten dipunlaksanakaken dhumateng lare ingkang yuswanipun pitung lapan utawa 245 dinten.biasanipun upacar tedhak siten dipunlaksakaken ing wanci enjing wonten ing ngajeng griya. Kajawi tiyang sepuhipun lare kalawau, eyang kakung kaliyang putri ugi para pini sepuh punika tamu ingkang paling dipunkurmati. Kados wonten ing saben upacara tradisional, upacara tedhak siten punika ugi dipun paringi sesajen, kadosta: sekar, herbal ingkang dipuntata kagem muwuhi suasana ritual. Sesajen punika mboten takhayul, ananging donga dhumateng Gusti, supados upacara saged dipun laksanakaken kanthi lancar, ugi pangajabipun saking ritual kalawau saged kaleksanan, inggih punika pikantuk berkah saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.

Ingkang dipun siapaken wonten ing sesajen slametan inggih punika :
Ø  sekul tumpeng kaliyan gudangan,
Ø  Sekar setaman ingkang dipun wadahaken bokor ageng kaliyan lemah.
Ø  Ondo ingkang dipun damel saking tebu abrit.
Ø  Kurungan ayam ingkang dipun hiasi janur kuning utawi kertas werna werni
Ø  pantun, kapas, sekar telon ( mawar, melati, kenanga ), uwos kuning, mawarna warna arta lembaran, manekawarni raja brana ( gelang, kalung, peniti,lsp )
Ø  barang-barang ingkang migunani kadosta : buku kaliyan piranti tulis ingkang dipun lbetaken kurungan
Ø  jenang abrit kaliyan pethak, jenang boro-boro, jajan pasar pitung werna, inggih punika abrit, pethak, biru, jambon, cemeng, ungu.

Warna-warna kasebat nggadahi makna
Pethak : watak ingkang utama
Biru : jati diri
Ijo : lambang pagesangan
Oranye : surya
Abrit : semangat
Kuning : kapinginan utawi gegayuhan
Cemeng : keagungan

Urutan prosesi
1. Tedhak sega pitung warna
2. Mudhun tangga tebu
3. Ceker-ceker
4. Kurungan
5. Sebar udik-udik
6. Siraman

Kapisan : lare dipuntuntun supados saged mlampah kaliyan ngidak jenang pitung warna ingkang dipun damel saking ketan dipuncampur klapa ingkang dipun parut, ugi dipun wenehi sarem supados gurih. Pitung warna kalawau inggih punika : abrit, pethak,oranye, kuning, ijo, biru kaliyan ungu. Jadah kalawau dipun tata saking warna ingkang peteng dhumateng warna ingkang padang.
Punika nglambanaken lare saged nglampahi alangan wonten ing gesangipun dipunwiwiti saking pagesangan ing donya, kagem ngembangaken diri, kacukupan kabutuhanipun, kaliyan sehat.

Kaping kalih : lare dipun tuntun minggahi ondo ingkang dipun damel saking tebu arjuna (wulung). Tebu keratabasanipun antebing kalbu. Kanthi tekad ingkang manteb dening nggayuh kekarepan supados kawujud.
Tebu arjuna nglambangaken supados lare saged nggadahi sikap kados arjuna, tiyang ingkang nggadahi watak ksatria, ugi supados nggadahi pagesangan ingkang sae.

Kaping tiga : mandhap saking ondo, lare dipun tuntun mlampah wonten ing lemah.wonten ing lemah kalawau, lare ceker-ceker. Punika nggadahi makna pados rejeki, utawi lare saged nyekapi kabetahan pagesanganipun.

Kaping sekawan : lare dipun lebetaken wonten ing kurungan ayam ingkang sampun dipun hias. Ing salebetipun wonten maneka warni piranti. Kadosta : buku, stetoskop, raja brana, lsp. Salajengipun, lare mendhet salah salah satunggaling piranti kalawau. Umpaminipun, lare kalawau mendhet buku, mratandakaken lare kalawau ing salajengipun badhe dados ilmuwan. Kurungan maksudipun supados lare saged mlebet wonten ing donya ingkang nyata kaliyan wonten ing pagesanganipun lare badhe nyekapi kabetahanipun saking padamelan ingkang sampun dipunpilih.

Kaping gangsal : Rama kaliyan eyang kakung saking lare kalawau nyebar udik-udik, inggih punika arta recehan ingkang dipuncampur maneka warni sekar, uwos kuning. Maksudipun, lare kalawau menawi sampun dewasa dados tiyang ingkang loma, seneng tetulung tiyang sanes. Ugi wonten ibu ingkang ngemba putranipun kaliyan ndherek nyebaraken udik-udik.

Kaping enem : lare kasebat dipunsiram ngagem toya siraman, inggih punika toya ingkang dipuncampur sekar melati, mawar, kenanga kaliyan kanthil. Punika maksudipun, pangajab wonten ing pagesanganipun lare punika ing salajengipun dados tiyang ingkang dipun kurmati. Supados lare punika saged nglampahi pagesanganipun kanthi lurus.

Kaping pitu : ing pungkasan upacara, lare kalawau dipun pacak ngagem busana enggal kaliyan sae. Maksudipun supados lare anggadahi pagesangan ingkang sae kaliyan saged ndadosaken seneng kaluwarga. Sasampunipun sedaya prosesi kasebat dipun laksanakaken, salajengipun potong tumpeng, ingkang dipun jangkepi gudangan, kacang panjang, kangkung kaliyan tokolan ingkang dipun paringi bumbu klapa ingkang dipun kukus kaliyan ayam.

Tumpeng nglambangaken panyuwunanipun tiyang sepuh dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos supados ingkang lare dumados tiyang ingkang migunani. Kacang panjang nggadahi simbol yuswa supados lare punika yuswanipun panjang. Kangkung nggadahi makna, wonten pundi kemawon lare punika saged mindhak badanipun ugi kadewasanipun. Tokolan nggadahi simbol kasuburan kaliyan ayam nglambangaken supados lare saged mandiri anggenipun gesang.